Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 29:26-36 Kitab Sutji (JAV)

26. Sabanjure sira njupuka dhadhane wedhus lanang iku kang kanggo misudha Harun, kang banjur sira saosna dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, iku dadia pandumanira.

27. Dadine sira kudu nucekake dhadhane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi saka wedhus lanang kang kanggo misudha Harun lan anak-anake.

28. Iku dadia pandumane Harun lan anak-anake miturut tatanan kanggo wong Israel ing salawas-lawase, awitdene iki pisungsung kusus, mulane iku kudu dadi pisungsung kusus saka wong Israel, kang kajupuk saka kurbane slametan, dadi pisungsung kusus konjuk marang Sang Yehuwah.

29. Sandhangan suci panganggone Harun iku iya dadia panganggone anak-putune, dianggoa samangsa padha dijebadi lan ditahbisake.

30. Turune kang nggenteni dadi imam, kang bakal lumebu ing Tarub Pasewakan perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, iku ngantia pitung dina lawase anggone nganggo sandhangan mau.

31. Wedhus lanang pisungsung tahbisan iku daginge kajupuka sarta diolaha ana ing panggonan kang suci.

32. Harun dalah anak-anake padha mangana daging wedhus iku karo roti kang ana ing cething ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

33. Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

34. Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

35. Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.

36. Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci.

maca bab lengkap Pangentasan 29