Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 29:20-31 Kitab Sutji (JAV)

20. Wedhuse banjur kasembeleha, lan getihe salong kaleletna sathithik ing godhohing kupinge Harun kang tengen, uga ing godhohing kupinge anak-anake Harun, ing jempole tangane tengen, lan jempole sikile tengen, dene getih liyane sira siramna ing saubenge misbyah.

21. Getih kang ana ing misbyah iku kajupuka sathithik karo lengane jebad sathithik, sira kepyurna marang Harun lan ing sandhangane, sarta uga marang anak-anake lan sandhangane. Marga saka mangkono Harun lan sandhangane, banjur bakal dadi suci, samono uga anak-anake lan sandhangane.

22. Wedhus lanang mau banjur kajupuka gajihe, buntute kang mawa gajih, karodene gajih kang nutupi jeroane, gombyoking atine, ginjele karo pisan dalah gajihe, sampile tengen, awit iku wedhus lanang pisungsung wisudhan,

23. sira uga njupuka roti tipis siji, roti bunder siji kang kaworan lenga sarta roti tipis siji saka cething kang isi roti tanpa ragi, kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

24. Iku kabeh sira selehna ing epek-epeke Harun lan epek-epeke anak-anake, tumuli sira saosna kabeh dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.

25. Sawuse mangkono kabeh banjur tampanana saka tangane, nuli kaobonga ana ing misbyah yaiku ing sadhuwure kurban obaran, minangka pisungsung kang arum ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, iku kurban geni sumaos marang Pangeran Yehuwah.

26. Sabanjure sira njupuka dhadhane wedhus lanang iku kang kanggo misudha Harun, kang banjur sira saosna dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, iku dadia pandumanira.

27. Dadine sira kudu nucekake dhadhane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi saka wedhus lanang kang kanggo misudha Harun lan anak-anake.

28. Iku dadia pandumane Harun lan anak-anake miturut tatanan kanggo wong Israel ing salawas-lawase, awitdene iki pisungsung kusus, mulane iku kudu dadi pisungsung kusus saka wong Israel, kang kajupuk saka kurbane slametan, dadi pisungsung kusus konjuk marang Sang Yehuwah.

29. Sandhangan suci panganggone Harun iku iya dadia panganggone anak-putune, dianggoa samangsa padha dijebadi lan ditahbisake.

30. Turune kang nggenteni dadi imam, kang bakal lumebu ing Tarub Pasewakan perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, iku ngantia pitung dina lawase anggone nganggo sandhangan mau.

31. Wedhus lanang pisungsung tahbisan iku daginge kajupuka sarta diolaha ana ing panggonan kang suci.

maca bab lengkap Pangentasan 29