Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 26:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Karodene sira gawea tendha-tendha wulu wedhus kanggo payoning Tarub Suci, sira gawea tendha sewelas.

8. Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta; tendha sawelas iku ukurane kudu padha.

9. Tendha kang lima iku kasambunga dhewe dadi siji, lan tendha kang nem iya dadi siji dhewe, tendha kang nomer nem sira lempita dadi loro ana ing sisih ngarepe tarub mau.

10. Nuli sira gawea kolongan seket iji kaetrapna ing pinggire tendha ing pungkasane, lan kolongan seket iji maneh ing pinggire tendha sijine.

11. Mangkono uga sira gawea canthelan tembaga seket iji, canthelan iku kaolehna ing kolongan mau, tendhane banjur kasambunga dadi siji.

12. Mungguh bagean kang turah ing tendha mau, kang satengah tlakupna ana ing burine Tarub Suci,

13. luwihane saasta ing sisih kene lan saasta ing sisih kana iku tlakupna ana ing iringane Tarub Suci ing kiwa lan tengen kagawe aling-aling.

maca bab lengkap Pangentasan 26