Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 26:26-37 Kitab Sutji (JAV)

26. Sira uga gawea kendhit kayu sittah, limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci kang sasisih,

27. lan kendhit limang iji kanggo blabag-blabaging Tarub Suci ing sisihe kang kapindho, apadene kendhit limang iji kanggo perangan buri sisih kulon.

28. Sarta kendhit limang iji kanggo perangan tengah, kendhit iku kaetrapna ana ing satengahing blabag-blabag saka ing pojok kene takan ing pojok kana.

29. Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.

30. Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.

31. Karomaneh sira gawea geber kain wungu tuwa lan kain wungu nom, kain jingga, tenunan lena alus; kagawe mawa gambar kerub dening ahli tenun.

32. Geber iku kagantunga ing saka kayu sittah papat kang kalapis emas, lan ana canthelane mas, tumumpang ompak salaka papat.

33. Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.

34. Tutup pangruwatan iku sira tumpangna ing pethine angger-angger ana ing sajroning pasucen pinunjul.

35. Mejane sira prenahna ing sangarepe geber, lan padamarane adhep-adhepan karo mejane ana ing Tarub Suci sisih kidul, dene mejane sira prenahna ana ing sisih lor.

36. Sarta maneh sira gawea warana ana ing lawangane Tarub, kang kagawe kain wungu tuwa, kain wungu nom, kain jingga lan lena tenunan alus kang mancawarna.

37. Warana iku gawekna saka kayu sittah limang iji, padha kalapisana mas, lan ana canthelane mas lan sira gawekna ompak tembaga cithakan limang iji.”

maca bab lengkap Pangentasan 26