Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 26:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Mungguh bagean kang turah ing tendha mau, kang satengah tlakupna ana ing burine Tarub Suci,

13. luwihane saasta ing sisih kene lan saasta ing sisih kana iku tlakupna ana ing iringane Tarub Suci ing kiwa lan tengen kagawe aling-aling.

14. Sarta maneh tarub iku iya sira gawekna payon lulang wedhus gembel lanang dipulas abang, lan sadhuwure iku payon lulang dhuyung.

15. Tarub Suci iku sira gawekna blabag-blabag kayu sittah ngadeg,

16. blabag siji dawane sapuluh asta lan saben blabag ambane karotengah asta.

17. Saben blabag anaa puruse loro jejer, mangkono anggonira gawe sakehe blabage Tarub Suci mau.

18. Anggonira gawe blabage Tarug Suci iku rong puluh ana ing iringan sisih kidul,

19. lan sira gawea ompak selaka patang puluh iji kanggo ing ngisore blabag rong puluh iji iku, blabag siji ompake loro kanggo puruse loro mau, lan blabag liyane ompake iya ngloro-ngloro kanggo puruse loro.

20. Ing iringane Tarub Suci sijine kang sisih lor iya gawekna blabag rong puluh iji,

21. karo ompake salaka patang puluh iji, blabag siji ompake loro, lan blabag liyane ompake iya padha ngloro.

22. Kanggo ing burine Tarub Suci, sisih kulon, iku gawekna blabag nem iji,

23. karomaneh sira gawea blabag rong iji kanggo pojoke Tarub Suci ing sisih buri.

maca bab lengkap Pangentasan 26