Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 24:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Nabi Musa tumuli mundhut getih mau sarta dikepyurake marang bangsa iku kalawan ngandika: “Lah iki getihing prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah karo kowe kabeh, adhedhasar sakehe pangandika mau.”

9. Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha minggah ing gunung, mangkono uga Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh,

10. sarta padha ndeleng Gusti Allahe Israel; kang minangka ancik-ancikaning sampeyane iku memper kaya srasahan sotya manila kang mencorong kaya langit kang sumilak padhang.

11. Nanging Panjenengane ora mulung astane marang pemimpin-pemimpin Israel; padha nyawang marang Gusti Allah, banjur mangan lan ngombe.

12. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”

13. Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.

14. Nanging pawelinge Nabi Musa marang para tuwa-tuwa: “Kowe padha ngentenana aku ana ing kene, nganti sabaliku mbaleni kowe. Dene Harun lan Hur rak padha tetunggalan karo kowe, sapa kang duwe prakara padha maranana dheweke.”

15. Bareng Nabi Musa minggah ing gunung, gununge banjur katutupan mega,

16. lan kamulyaning Pangeran Yehuwah dumunung ing gunung Sinai, nem dina lawase anggone katutupan mega, sarta ing dina kaping pitune Nabi Musa ditimbali saka ing tengahing mega iku.

17. Miturut sawangane wong Israel cahya kamulyane Sang Yehuwah iku kaya geni kang nggesengake pucake gunung.

18. Nabi Musa tumuli lumebet ing satengahe mega sarta minggah ing ndhuwur gunung; dene Nabi Musa anggone ana ing ndhuwur gunung iku lawase patang puluh dina patang puluh bengi.

maca bab lengkap Pangentasan 24