Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 2:3-15 Kitab Sutji (JAV)

3. Nanging sarehne sabanjure wus ora bisa didhelikake maneh, mulane dijupukake pethi pandhan, dipopok nganggo aspal lan tir, bayine banjur diselehake ing jerone, sarta pethi iku mau nuli didokok ing satengahe wlingen ing pinggir bengawan Nil.

4. Bakyune ngadeg kepara adoh karo ngawat-awati lan arep weruh kapriye bakal kadadeane.

5. Ing kono putrane putri Sang Prabu Pringon tindak menyang ing bengawan Nil karsa siram, sarta para nyaine padha dolan-dolan ana ing sapinggire bengawan, Sang Putri tumuli mirsa pethi kang ana ing satengahe wlingen, banjur utusan embane njupuk.

6. Bareng dibukak, mirsa bayine lagi nangis, temah runtuh welase sarta ngandika: “Bayi iki genah anake wong Ibrani!”

7. Bakyune banjur matur marang putrine Sang Prabu Pringon: “Punapa kawula kepareng madosaken panjenengan dalem inya tiyang Ibrani ingkang nesepi bayi punika?”

8. Paring wangsulane putrine Sang Prabu Pringon: “Iya becik!” Prawan mau tumuli lunga ngundang ibune bayi iku.

9. Sang Putri banjur ngandika marang wong wadon iku: “Bayi iki gawanen, susonana; kowe bakal dakwenehi pituwas.” Wong wadon mau banjur nggawa bayine disusoni.

10. Bareng bocahe wus gedhe, banjur diaturake marang putrine Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikane: “Marga dakentasake saka ing banyu.”

11. Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.

12. Sawuse ngawasake ngiwa-nengen lan uninga yen ora ana wong, wong Mesir mau banjur dipateni, jisime dipendhem ana ing pawedhen.

13. Bareng esuke tindak maneh, sarta mirsa ana wong Ibrani loro kang lagi padha kerengan, kang salah banjur didangu: “Yagene kowe kok nggitiki kancamu?”

14. Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!”

15. Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golek reka-daya arep nyedani Sang Musa.Nanging Sang Musa lolos saka ngarsane Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik.

maca bab lengkap Pangentasan 2