Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 2:14-25 Kitab Sutji (JAV)

14. Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!”

15. Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golek reka-daya arep nyedani Sang Musa.Nanging Sang Musa lolos saka ngarsane Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik.

16. Anadene imam ing Midian iku kagungan putra estri pitu, iku mbeneri teka ngangsu ngiseni wadhah-wadhah kanggo ngombeni wedhus-wedhuse ramane.

17. Nuli ana pangon-pangon lanang teka, bocah-bocah wadon mau padha diundurake saka ing kono, nanging Sang Musa banjur jumeneng nulungi sarta ngombeni wedhus-wedhuse.

18. Satekane bocah-bocah wadon mau ana ing ngarsane Imam Rehuel, ramane, banjur padha didangu: “Sabab apa dene ing dina iki ulihmu kok enggal temen?”

19. Atur wangsulane: “Wonten satunggaling tiyang Mesir ingkang nulungi kula saking tindakipun para pangen, malah kula dipun timbakaken ngantos kathah, saha lajeng ngombeni menda-mendanipun.”

20. Panjenengane nuli ngandika marang para putrane: “Wonge saiki ana ngendi? Yagene kok koktinggal? Undangen mangan ta!”

21. Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane.

22. Kacarita Ibu Ziporo mau mbabar putra kakung, Sang Musa maringi jeneng: Gersom, marga pangunandikane: “Aku dadi wong neneka ana ing tanah ngamanca.”

23. Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.

24. Gusti Allah miyarsakake pasambate, sarta banjur ngengeti prasetyane karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub.

25. Gusti Allah mirsani lan nggatosake marang wong Israel.

maca bab lengkap Pangentasan 2