Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 19:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: “Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.

13. Tangane wong siji bae ora kena nggepok gunung iku, awit wong iku mesthi bakal dibenturi ing watu utawa dipanah nganti mati; dadia kewan utawa manungsa, aja diurapi! Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur, lagi padha kena munggah ing gunung.”

14. Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngumbahi sandhangane.

15. Dhawuhe Nabi Musa marang bangsa iku: “Padha cecawisa ing dina kang kaping telune lan aja nyedhaki wong wadon.”

16. Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.

17. Nabi Musa banjur ngirid bangsa mau metu saka palerebane, padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah, lan padha ngadeg ana ing sikiling gunung.

18. Gunung Sinai katutupan ing pega kabeh, marga Sang Yehuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegane kumelun kaya kukus ing pawon, lan gununge banget anggone gonjang-ganjing.

19. Swarane kalasangka saya suwe saya banter. Nabi Musa banjur munjuk, sarta Gusti Allah paring wangsulan saka ing sajroning gludhug.

20. Pangeran Yehuwah tumuli tumedhak marang ing pucake gunung Sinai, sarta nimbali Nabi Musa menyang ing pucake gunung iku; Nabi Musa banjur minggah.

21. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas.

22. Dalah para imam kang arep sowan ing ngarsaning Yehuwah kudu sesuci, supaya aja nganti katempuh ing bebenduning Yehuwah.”

23. Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Tiyang-tiyang temtu boten sami saged minggah ing redi, margi Paduka piyambak sampun ngengetaken dhateng kawula kanthi dhawuh: Gununge sira pagerana lan sira sengkera!”

maca bab lengkap Pangentasan 19