Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 19:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane.

11. Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.

12. Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: “Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.

13. Tangane wong siji bae ora kena nggepok gunung iku, awit wong iku mesthi bakal dibenturi ing watu utawa dipanah nganti mati; dadia kewan utawa manungsa, aja diurapi! Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur, lagi padha kena munggah ing gunung.”

14. Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngumbahi sandhangane.

15. Dhawuhe Nabi Musa marang bangsa iku: “Padha cecawisa ing dina kang kaping telune lan aja nyedhaki wong wadon.”

16. Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.

17. Nabi Musa banjur ngirid bangsa mau metu saka palerebane, padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah, lan padha ngadeg ana ing sikiling gunung.

maca bab lengkap Pangentasan 19