Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 19:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng sasi katelune saangkate wong Israel saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunane gunung Sinai tanggale padha karo nalika budhale.

2. Sawuse padha mangkat saka Rafidim, banjur tekan ing pasamunane gunung Sinai, lan padha leren ana ing kono; wong Israel anggone padha masang tarub ngadhepake gunung Sinai.

3. Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:

4. Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha, Sunparakake marang ing ngarsaningSun.

5. Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.

6. Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangake marang wong Israel.”

7. Sawangsule Nabi Musa tumuli nimbali para tuwa-tuwaning bangsa mau, padha diparingi sumurup bab sakehe pangandika kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

8. Wong sabangsa kabeh banjur padha mangsuli saur manuk, ature: “Punapa sadhawuhipun Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken.”

9. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.

10. Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira maranana bangsa iku, padha sira konen sesuci ing dina iki lan sesuk. Sarta padha ngumbaha sandhangane.

11. Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.

12. Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: “Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.

13. Tangane wong siji bae ora kena nggepok gunung iku, awit wong iku mesthi bakal dibenturi ing watu utawa dipanah nganti mati; dadia kewan utawa manungsa, aja diurapi! Mung samangsa keprungu unining kalasangka kang nggalur, lagi padha kena munggah ing gunung.”

14. Nabi Musa banjur tumedhak saka ing gunung murugi bangsa iku, padha didhawuhi supaya sesuci lan ngumbahi sandhangane.

maca bab lengkap Pangentasan 19