Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 18:3-18 Kitab Sutji (JAV)

3. mangkono uga putrane kakung loro, kang siji nama Gersom, awit pangandikane Nabi Musa: “Aku wus dadi wong neneka ana ing ngamanca,”

4. lan sijine nama Eliezer, awit pangandikane: “Gusti Allahe bapakku iku kang mitulungi aku, aku diuwalake saka ing pedhange Sang Prabu Pringon.”

5. Bareng Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa, karo putra-putra lan garwane Nabi Musa rawuh ing pasamunan, ing papan palerebane ing sacedhake gununge Gusti Allah,

6. banjur utusan matur marang Nabi Musa: “Aku, Yitro, mara-tuwamu, teka mrene tilik sliramu karo kang rayi lan kang putra-putra.”

7. Nabi Musa banjur medal methukake mara-sepuhe, sumungkem lan ngaras; sawuse bage-binage mungguh ing bab kasugengane, banjur padha lumebu ing tarub.

8. Sawuse iku Nabi Musa tumuli nyariosake marang kang rama mara-sepuhe samubarang kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Pringon lan marang wong Mesir marga saka wong Israel, mangkono uga sakehing karibedan kang dialami ana ing dalan, apadene anggone Pangeran Yehuwah ngluwari umate.

9. Imam Yitro rena panggalihe mireng bab sakehe kamirahan kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, yaiku anggone wus ngluwari saka ing tangane wong Mesir.

10. Pangandikane Imam Yitro: “Pinujia Pangeran Yehuwah kang wus ngluwari sliramu kabeh saka ing tangane wong Mesir lan saka ing astane Sang Prabu Pringon.

11. Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”

12. Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.

13. Kacarita esuke Nabi Musa lenggah ngadili bangsa mau, lan wong akeh mau padha ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, wiwit esuk nganti tekan sore.

14. Bareng mara-sepuhe Nabi Musa mirsa apa kang ditindakake tumrap wong akeh mau, tumuli ngandika: “Apa iki kang koktindakake marang wong-wong iku? Yagene dene sliramu dhewe kang lenggah, lan wong kabeh padha ngadhep marang sliramu wiwit esuk nganti tekan sore?”

15. Atur wangsulane Nabi Musa marang kang rama mara-sepuhe: “Tiyang kathah punika anggenipun murugi kula badhe pitaken bab karsanipun Gusti Allah.

16. Manawi wonten ingkang prakawisan, lajeng sami murugi kula supados kula damel pancasan tumrap tiyang satunggal kaliyan satunggalipun; kajawi punika inggih kula tedahi pranatan saha putusan-putusanipun Gusti Allah.”

17. Nanging mara-sepuhe Nabi Musa ngandika: “Ora prayoga kang koktindakake iku!

18. Sliramu mesthi bakal sayah banget, iya sliramu dhewe iya wong kang padha ndherek sliramu; marga pagawean iki kaboten tumrap sliramu manawa sliramu dhewe bae ora bakal keconggah nindakake.

maca bab lengkap Pangentasan 18