Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 18:19-27 Kitab Sutji (JAV)

19. Mulane saiki dakaturi mirengake tembungku, aku arep ngaturi pamrayoga marang sliramu sarta Gusti Allah bakal nunggil karo sliramu. Sliramu dakaturi makili bangsa iki ana ing ngarsane Gusti Allah lan nglantarake prakarane marang Gusti Allah.

20. Sabanjure sliramu dakaturi maringi piwulang bab sakehe pranatan lan putusan sarta dakaturi nedahake dalan kang kudu diambah sarta ayahan kang kudu dilakoni.

21. Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sepuluh.

22. Iya wong-wong iku kang kudu ngadili marang umat ing samangsa-mangsa; prakara kang gedhe iku diladekna marang sliramu, nanging prakara kang cilik-cilik padha dirampungana dhewe; sarana patrap mangkono wong-wong mau padha ngenthengake ayahanmu, lan padha ngrewangi tanggung-jawab.

23. Yen sliramu tumindak mangkono, mangka Gusti Allah karsa njurungi, sliramu bisa lestari kuwat nandangi, sarta wong sabangsa kabeh bakal padha bali menyang panggonane kanthi lega lan marem.”

24. Nabi Musa ndhahar rembage kang rama mara-sepuhe lan nindakake apa kang dadi pangandikane mau.

25. Dadine Nabi Musa tumuli milih wong saka panunggalane bangsa Israel kang sembada, padha ditetepake nglurahi bangsa iku, ana kang nglurahi wong sewu, wong satus, wong seket lan wong sapuluh,

26. padha kapatah ngadili umat ing samangsa-mangsa, prakara kang angel diaturake marang Nabi Musa, nanging prakara kang gampang dirampungi dhewe.

27. Sawuse mangkono Nabi Musa banjur pepisahan karo kang rama mara-sepuh, sarta iku banjur kondur menyang ing nagarane.

maca bab lengkap Pangentasan 18