Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 18:17-21 Kitab Sutji (JAV)

17. Nanging mara-sepuhe Nabi Musa ngandika: “Ora prayoga kang koktindakake iku!

18. Sliramu mesthi bakal sayah banget, iya sliramu dhewe iya wong kang padha ndherek sliramu; marga pagawean iki kaboten tumrap sliramu manawa sliramu dhewe bae ora bakal keconggah nindakake.

19. Mulane saiki dakaturi mirengake tembungku, aku arep ngaturi pamrayoga marang sliramu sarta Gusti Allah bakal nunggil karo sliramu. Sliramu dakaturi makili bangsa iki ana ing ngarsane Gusti Allah lan nglantarake prakarane marang Gusti Allah.

20. Sabanjure sliramu dakaturi maringi piwulang bab sakehe pranatan lan putusan sarta dakaturi nedahake dalan kang kudu diambah sarta ayahan kang kudu dilakoni.

21. Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sepuluh.

maca bab lengkap Pangentasan 18