Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 18:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”

12. Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.

13. Kacarita esuke Nabi Musa lenggah ngadili bangsa mau, lan wong akeh mau padha ngadeg ana ing ngarsane Nabi Musa, wiwit esuk nganti tekan sore.

14. Bareng mara-sepuhe Nabi Musa mirsa apa kang ditindakake tumrap wong akeh mau, tumuli ngandika: “Apa iki kang koktindakake marang wong-wong iku? Yagene dene sliramu dhewe kang lenggah, lan wong kabeh padha ngadhep marang sliramu wiwit esuk nganti tekan sore?”

15. Atur wangsulane Nabi Musa marang kang rama mara-sepuhe: “Tiyang kathah punika anggenipun murugi kula badhe pitaken bab karsanipun Gusti Allah.

16. Manawi wonten ingkang prakawisan, lajeng sami murugi kula supados kula damel pancasan tumrap tiyang satunggal kaliyan satunggalipun; kajawi punika inggih kula tedahi pranatan saha putusan-putusanipun Gusti Allah.”

17. Nanging mara-sepuhe Nabi Musa ngandika: “Ora prayoga kang koktindakake iku!

18. Sliramu mesthi bakal sayah banget, iya sliramu dhewe iya wong kang padha ndherek sliramu; marga pagawean iki kaboten tumrap sliramu manawa sliramu dhewe bae ora bakal keconggah nindakake.

19. Mulane saiki dakaturi mirengake tembungku, aku arep ngaturi pamrayoga marang sliramu sarta Gusti Allah bakal nunggil karo sliramu. Sliramu dakaturi makili bangsa iki ana ing ngarsane Gusti Allah lan nglantarake prakarane marang Gusti Allah.

maca bab lengkap Pangentasan 18