Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 18:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Imam Yitro, imam ing Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, wus miyarsa bab samubarang kang wus ditandukake dening Gusti Allah marang Nabi Musa lan Israel umate, iya iku yen Pangeran Yehuwah wus ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir.

2. Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa mau nuli mbekta Ibu Zipora, garwane Nabi Musa, kang biyen wus dikondurake,

3. mangkono uga putrane kakung loro, kang siji nama Gersom, awit pangandikane Nabi Musa: “Aku wus dadi wong neneka ana ing ngamanca,”

4. lan sijine nama Eliezer, awit pangandikane: “Gusti Allahe bapakku iku kang mitulungi aku, aku diuwalake saka ing pedhange Sang Prabu Pringon.”

5. Bareng Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa, karo putra-putra lan garwane Nabi Musa rawuh ing pasamunan, ing papan palerebane ing sacedhake gununge Gusti Allah,

6. banjur utusan matur marang Nabi Musa: “Aku, Yitro, mara-tuwamu, teka mrene tilik sliramu karo kang rayi lan kang putra-putra.”

maca bab lengkap Pangentasan 18