Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 16:3-16 Kitab Sutji (JAV)

3. ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”

4. Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: Ingsun bakal ngudanake roti saka langit kanggo sira, nuli wong-wong iku bakal padha metu ngukupi tadhahe ing saben dina, sarta padha Suncoba, apa bakal nglakoni angger-anggeringSun apa ora.

5. Dene ing dina kaping nem, samangsa ngolah apa kang di kukup, iku bakal tikel lorone tinimbang kang dikukup saben dinane.”

6. Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha ngandika marang wong Israel kabeh: “Mengko sore kowe bakal padha sumurup yen kang ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku Pangeran Yehuwah.

7. Lan sesuk kowe bakal padha weruh kaluhuraning Pangeran Yehuwah, marga panggrundelmu wus dipirsani. Sabab aku iki apa, dene kowe padha nggrundeli marang aku?”

8. Pangandikane Nabi Musa maneh: “Yen mengko sore kowe padha diparingi daging dening Pangeran Yehuwah lan sesuke diparingi roti nganti wareg, iku awit Pangeran Yehuwah wus miyarsa panggrundelmu kang padha koktujokake ing Panjenengane. Aku iki apa ta? Dudu aku kang kokkedumeli iku, nanging Pangeran Yehuwah.”

9. Nabi Musa banjur ngandika marang Rama Harun: “Tutura marang sapasamuwane Israel kabeh: Padha sowana kabeh marang ing ngarsaning Sang Yehuwah, awit Sang Yehuwah wus miyarsa ing panggrundelmu.”

10. Kacarita nalika sapasamuwane Israel lagi dipangandikani dening Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yehuwah ngatingal ana ing megane.

11. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

12. “Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel; padha tuturana mangkene: Ing wayah sore sira bakal padha mangan daging lan ing wayah esuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.”

13. Kacarita bareng wayah sore nuli ana manuk gemak gegrombolan teka nglimputi ing tarub-tarube, lan bareng esuk ing saubenge tarub kebunan.

14. Bareng ebune wus nguwab, lah ing lumahe pasamunan ana wewujudan lembut las-lasan kaya sisik, lembute kaya ebun njendhel ing bumi.

15. Bareng wong Israel weruh banjur padha takon-takonan: “Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngandika: “Iya iku roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.

16. Kowe padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah mangkene: Sira ngukupana iku, siji-sijine wong miturut tadhahe dhewe-dhewe; saben wong njupuka kanggo brayate, wong siji sagomer, saben brayat njupuka miturut jiwane.”

maca bab lengkap Pangentasan 16