Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 16:22-36 Kitab Sutji (JAV)

22. Ing dina kaping nem anggone ngukup roti tikel loro, wong siji rong gomer, nuli sakehe panggedhene pasamuwan padha seba ngaturi pirsa marang Nabi Musa.

23. Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon sesuke.”

24. Turahane kelakon disimpen tekan sesuke netepi dhawuhe Nabi Musa, iya ora mambu lan ora metu sete.

25. Sabanjure Nabi Musa ngandika: “Iku padha panganen ing dina iki, awit ing dina iki sabate Pangeran Yehuwah, kowe ora bakal nemu roti ana ing teba.

26. Nem dina kowe padha ngukupana, nanging ing dina kapitu iku dina Sabat, ing kono ora ana roti.”

27. Ewadene kelakon ing dina kapitu ana wong sawatara kang metu arep ngukup roti, nanging padha ora nemu.

28. Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Nganti besuk apa anggonira padha ora gelem netepi prentah lan angger-anggeringSun?

29. Padha nitenana! Pangeran Yehuwah wus maringake sabat iku marang sira, mulane ing dina kang kaping nem sira padha diparingi roti kanggo rong dina. Kang iku wong kabeh padha lerena ana ing omahe dhewe-dhewe, aja ana wong siji bae kang metu saka ing panggonane ing dina kapitu iku.”

30. Mangkono dadine wong akeh padha ngaso ing dina kapitu.

31. Anadene mungguh wewujudan iku umat Israel anggone ngarani: manna; rupane putih kaya ketumbar, rasane kaya kuwih madu.

32. Nabi Musa tumuli ngandika: “Dhawuhe Pangeran Yehuwah mangkene: Padha njupuka sagomer kebak kasimpena kanggo turun-turunira, supaya iku padha weruha rupane roti kang Sunparingake dadi panganira ana ing pasamunan, nalika Ingsun ngentasake sira saka ing tanah Mesir.”

33. Mulane pangandikane Nabi Musa marang Rama Harun: “Njupuka guci siji, isenana manna sagomer kebak, banjur dokoken ana ing ngarsaning Yehuwah, kasimpena nganti turun-tumurun. ”

34. Rama Harun banjur nindakake apa sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, guci didokok ana ing ngarepe papan angger-angger kagawe simpenan.

35. Wong Israel anggone mangan manna lawase patang puluh taun, nganti tumeka ing tanah kang didunungi ing wong; padha mangan manna tekan tapelwatese tanah Kanaan.

36. Anadene sagomer iku saprasepuluh efa.

maca bab lengkap Pangentasan 16