Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 16:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse padha budhalan saka ing Elim, sagolongane wong Israel kabeh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarane Elim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkate saka ing tanah Mesir.

2. Ana ing pasamunan kono iku, sagolongane wong Israel banjur padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Rama Harun,

3. ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”

4. Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: Ingsun bakal ngudanake roti saka langit kanggo sira, nuli wong-wong iku bakal padha metu ngukupi tadhahe ing saben dina, sarta padha Suncoba, apa bakal nglakoni angger-anggeringSun apa ora.

5. Dene ing dina kaping nem, samangsa ngolah apa kang di kukup, iku bakal tikel lorone tinimbang kang dikukup saben dinane.”

6. Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha ngandika marang wong Israel kabeh: “Mengko sore kowe bakal padha sumurup yen kang ngentasake kowe saka ing tanah Mesir iku Pangeran Yehuwah.

7. Lan sesuk kowe bakal padha weruh kaluhuraning Pangeran Yehuwah, marga panggrundelmu wus dipirsani. Sabab aku iki apa, dene kowe padha nggrundeli marang aku?”

maca bab lengkap Pangentasan 16