Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 15:3-14 Kitab Sutji (JAV)

3. Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang;Yehuwah, yaiku asmane.

4. Kretane Sang Prabu Pringon lan balane dicemplungake ing sagara,para prawirane kang pilihanpadha diklelebake ana ing sagara Teberau.

5. Padha katutupan ing samodra gedhe,kelem prasasat watu ana ing banyu kang jero.

6. Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Padukadhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.

7. Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung,Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka;Paduka nglepasaken latuning bebendu Padukaingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.

8. Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhungsadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan.Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.

9. Ujaripun mengsah: Dakburune, dakandum rayahan;hawanepsuku daksokne marang wong-wong iku,pedhangku dakunuse;bakal padha katumpes dening tanganku.

10. Paduka lajeng ndhatengaken prahara, temah sami katutupan ing saganten;sami kelem kados timah wonten ing toya ingkang ngedab-edabi.

11. Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allahsinten ingkang nyameni Paduka;sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka,ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur?Paduka nindakaken kaelokan.

12. Paduka ngegaraken asta Paduka tengen;temah lajeng sami inguntal dening bumi.

13. Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka;saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.

14. Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter;makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris.

maca bab lengkap Pangentasan 15