Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 15:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak,ing panggenan ingkang Paduka agemdados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah;ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.

18. Pangeran Yehuwah ingkang ngereh langgeng ing salami-laminipun.”

19. Nalika jarane Sang Prabu Pringon lan kretane dalah balane jaranan padha mlebu ing sagara, nuli Pangeran Yehuwah nangkebake banyune sagara maneh, temah padha kleleb, balik wong Israel padha ngambah gasikan ana ing tengahe sagara.

20. Ing kono Ibu Miryam, nabi putri, sadhereke Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadherekake sakehe wong wadon karo ngunekake terbang padha jejogedan.

21. Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose:“Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah,awit linuwih kaluhurane,jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.”

22. Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngangkatake wong Israel saka ing sagara Teberau menyang ing pasamunan Syur; anggone lumaku ana ing pasamunan nganti telung dina ora oleh banyu.

23. Banjur padha tekan ing Mara, nanging banyu ing Mara kono ora kena diombe, marga pait, mulane panggonan kono iku katelah aran Mara.

24. Wong akeh tumuli padha ngedumeli marang Nabi Musa, pangucape: “Ingkang sami kula ombe punapa?”

25. Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,

maca bab lengkap Pangentasan 15