Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 15:12-18 Kitab Sutji (JAV)

12. Paduka ngegaraken asta Paduka tengen;temah lajeng sami inguntal dening bumi.

13. Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka;saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.

14. Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter;makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris.

15. Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger,para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris;tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.

16. Sami kataman miris lan ajrih,ngantos kaken kados sela amargi saking agungipun asta Paduka,dhuh Yehuwah, inggih ngantos dumugi ing samentasipun umat Paduka,ngantos samentasipun umat ingkang Paduka dadosaken kagungan Paduka punika.

17. Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak,ing panggenan ingkang Paduka agemdados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah;ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.

18. Pangeran Yehuwah ingkang ngereh langgeng ing salami-laminipun.”

maca bab lengkap Pangentasan 15