Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 15:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono Nabi Musa lan wong Israel padha ngrepekake kidung konjuk marang Pangeran Yehuwah, mangkene:“Dakngidung konjuk ing Pangeran Yehuwah,awit linuwih kaluhuranejaran lan kang nunggangi padha kacemplungake ing sagara.

2. Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku,kang dadi kaslametanku.Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana,Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.

3. Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang;Yehuwah, yaiku asmane.

4. Kretane Sang Prabu Pringon lan balane dicemplungake ing sagara,para prawirane kang pilihanpadha diklelebake ana ing sagara Teberau.

5. Padha katutupan ing samodra gedhe,kelem prasasat watu ana ing banyu kang jero.

6. Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Padukadhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.

7. Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung,Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka;Paduka nglepasaken latuning bebendu Padukaingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum.

8. Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhungsadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan.Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.

maca bab lengkap Pangentasan 15