Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 14:18-29 Kitab Sutji (JAV)

18. Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”

19. Sang Malaekate Gusti Allah kang maune tindak ana ngarepe bala Israel, banjur pindhah tindak ana ing burine, lan tugu mega iya mangkono uga, mingsed saka ngarep banjur ngadeg ana ing burine.

20. Mangkono dadine tugu mega mau mapan ana ing antarane bala Mesir lan bala Israel. Sarehne tugu mega mau njalari peteng, mulane kang siji ora bisa nyedhaki sijine, ing sajroning sawengi iku.

21. Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.

22. Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene.

23. Bala Mesir banjur ngoyak nututi, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon tuwin balane jaranan padha lumaku nganti tekan ing satengahe sagara.

24. Bareng wayah bangun esuk, Pangeran Yehuwah mirsani wadya-bala Mesir saka ing tugu geni lan mega, bala Mesir mau tumuli dikisruhake.

25. Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”

26. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira acungna ing sadhuwure sagara, supaya banyune nangkeb pulih ngelebi wong Mesir dalah kreta lan balane jaranan.”

27. Nabi Musa tumuli ngacungake astane ing sadhuwure sagara, bareng esuk banyune pulih kaya maune. Wong Mesir padha lumayu papagan karo baline banyu; kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah nglelebake wong Mesir ing tengahing sagara.

28. Marga banyu mau bareng tempuk pulih kaya maune nglelebake kreta lan balane jaranan sabalane Sang Prabu Pringon kabeh, kang padha nututi mlebu ing sagara; ora ana wonge siji-sijia kang isih urip.

29. Balik lakune wong Israel iku lestari ana ing gasikan ing satengahe sagara, sarta banyune prasasat dadi tembok ngamping-ampingi ana ing kiwa lan tengene.

maca bab lengkap Pangentasan 14