Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 14:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.

18. Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”

19. Sang Malaekate Gusti Allah kang maune tindak ana ngarepe bala Israel, banjur pindhah tindak ana ing burine, lan tugu mega iya mangkono uga, mingsed saka ngarep banjur ngadeg ana ing burine.

20. Mangkono dadine tugu mega mau mapan ana ing antarane bala Mesir lan bala Israel. Sarehne tugu mega mau njalari peteng, mulane kang siji ora bisa nyedhaki sijine, ing sajroning sawengi iku.

21. Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.

22. Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene.

23. Bala Mesir banjur ngoyak nututi, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon tuwin balane jaranan padha lumaku nganti tekan ing satengahe sagara.

24. Bareng wayah bangun esuk, Pangeran Yehuwah mirsani wadya-bala Mesir saka ing tugu geni lan mega, bala Mesir mau tumuli dikisruhake.

25. Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”

maca bab lengkap Pangentasan 14