Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 14:14-19 Kitab Sutji (JAV)

14. Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”

15. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Yagene sira sesambat marang Ingsun? Wong Israel padha prentahana supaya padha mbanjurake lakune.

16. Dene mungguh sira, angkaten tekenira lan acungna marang ing sadhuwure sagara, piyaken banyune; supaya wong Israel padha lumaku ana ing gasikan ing tengahe sagara.

17. Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.

18. Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”

19. Sang Malaekate Gusti Allah kang maune tindak ana ngarepe bala Israel, banjur pindhah tindak ana ing burine, lan tugu mega iya mangkono uga, mingsed saka ngarep banjur ngadeg ana ing burine.

maca bab lengkap Pangentasan 14