Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 14:11-13 Kitab Sutji (JAV)

11. sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?

12. Kula rak sampun sami matur dhateng panjenengan wonten ing Mesir: Kula mugi panjenengan kendelaken kemawon, kajengipun kula sami ngawula dhateng tiyang Mesir tinimbang kaliyan pejah wonten ing pasamunan punika.”

13. Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase.

maca bab lengkap Pangentasan 14