Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 12:39-50 Kitab Sutji (JAV)

39. Mungguh jladren anggone nggawa saka ing tanah Mesir mau diolah digawe roti bunder tanpa ragi, marga jladrene ora nganggo dirageni, sabab metune saka tanah Mesir ora bisa kanti lon-lonan, temah ora nganti kober nyawisake sangu.

40. Mungguh pamanggone Israel ana ing tanah Mesir iku lawase patang atus telung puluh taun.

41. Sawuse patang atus telung puluh taun, mbeneri dina iku, kelakon sakehe wadya-balane Pangeran Yehuwah padha budhal saka ing tanah Mesir.

42. Bengi iku bengi lek-lekan kagem Pangeran Yehuwah, marga padha dientasake saka ing tanah Mesir; iya bengi lek-lekan kanggo sakehe wong Israel turun-tumurun kagem kamulyaning Pangeran Yehuwah.

43. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Iki pranatan Paskah. Wong bangsa liya ora kena melu mangan.

44. Dene sadhengah batur tukon iku lagi kena melu mangan angger wus sira tetaki.

45. Wong numpang lan wong buruh iya ora oleh melu mangan.

46. Paskah iku kudu dipangan ana ing sawijining omah, daginge ora kena digawa metu menyang ing sajabane omah sathithik-thithika, lan balunge aja sira coklek siji-sijia.

47. Sapasamuwane Israel kabeh kudu ngriyayake.

48. Nanging manawa ana bangsa liya kang tetep pamanggone ana ing tengahira lan sumedya ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, iku saben wong lanang kang ana ing omahe kudu ditetaki dhisik, sawuse lagi kena melu ngriyayakake, wong iku bakal dianggep wong asli, nanging wong ikutan ora kena melu mangan.

49. Mung ana pranatan siji kanggo wong asli lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahira.”

50. Anadene sakehe wong Israel padha nglakoni kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun.

maca bab lengkap Pangentasan 12