Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 12:33-43 Kitab Sutji (JAV)

33. Anadene wong Mesir iya padha neseg kanthi adreng marang bangsa iku, supaya padha enggala lungga saka ing tanahe, awitdene pangucape: “Mengko kita kabeh mesthi padha mati!”

34. Bangsa iku anggone nggawa jladrene durung nganti dirageni, dadi jladren sawadhahe dibuntel ing rimonge sumampir ana ing pundhake.

35. Wong Israel iya padha nurut marang dhawuhe Nabi Musa, padha njaluki barang dandanan mas lan selaka duweke wong Mesir apadene sandhangan.

36. Dhasar Pangeran Yehuwah kang ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, temah padha nuruti sapanjaluke. Dadine wong Mesir prasasat dijarah-rayah.

37. Sawuse mangkono wong Israel tumuli padha budhal saka ing Raamses menyang Sukkot, cacahe wong lanang kang mlaku dharat kira-kira ana nem atus ewu, durung bocah-bocahe.

38. Lan uga ana wong bangsa liya warna-warna kang padha melu, mangkono uga wedhus lan sapi akeh banget.

39. Mungguh jladren anggone nggawa saka ing tanah Mesir mau diolah digawe roti bunder tanpa ragi, marga jladrene ora nganggo dirageni, sabab metune saka tanah Mesir ora bisa kanti lon-lonan, temah ora nganti kober nyawisake sangu.

40. Mungguh pamanggone Israel ana ing tanah Mesir iku lawase patang atus telung puluh taun.

41. Sawuse patang atus telung puluh taun, mbeneri dina iku, kelakon sakehe wadya-balane Pangeran Yehuwah padha budhal saka ing tanah Mesir.

42. Bengi iku bengi lek-lekan kagem Pangeran Yehuwah, marga padha dientasake saka ing tanah Mesir; iya bengi lek-lekan kanggo sakehe wong Israel turun-tumurun kagem kamulyaning Pangeran Yehuwah.

43. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Iki pranatan Paskah. Wong bangsa liya ora kena melu mangan.

maca bab lengkap Pangentasan 12