Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 10:22-29 Kitab Sutji (JAV)

22. Nabi Musa banjur ngathungake astane menyang ing langit, temah ana peteng ndhedhet ing satanah Mesir lawase telung dina.

23. Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.

24. Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa sarta ngandika: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, mung wedhusira lan sapinira aja sira gawa, anak-anakira kang isih cilik-cilik klilan melu.”

25. Nanging ature Nabi Musa: “Malah kurban sembelehan lan kurban obaran punika leresipun panjenengan dalem ingkang kedah maringi kawula, supados kawula saged nyaosaken dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula.

26. Dene raja-kaya inggih badhe kawula bekta ugi, tracak satunggal kemawon boten kenging kantun; awitdene inggih panunggilanipun punika ingkang badhe kawula damel saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangeran Yehuwah, saderengipun kawula dumugi ing ngrika.”

27. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temahan ora nglilani lungane para umat.

28. Sang Prabu Pringon banjur ngandika: “Wis mundura saka ing ngarsaningsun, dingati-ati, poma sira aja ngaton maneh ana ing ngarsaningsun, sabab samangsa sira ngaton, mesthi sira bakal mati.”

29. Nabi Musa nuli matur: “Kasinggihan dhawuh dalem, kawula badhe boten ngatingal wonten ngarsa dalem malih!”

maca bab lengkap Pangentasan 10