Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 10:11-24 Kitab Sutji (JAV)

11. Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang bae kang saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon.

12. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira ayatna marang ing tanah Mesir, nekakna walang, lan walang-walang mau ngebyuka ing sawratane tanah Mesir lan mangana saanane tetuwuhan sapira kang ora rusak marga anane udan es.”

13. Nabi Musa banjur ngayatake tekene marang ing tanah Mesir, sarta Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin wetan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah esuk angin wetan mau nggawa walang.

14. Walang-walang iku banjur mratani satanah Mesir, kabeh padha neba ing satlatahe Mesir nganti akeh banget; sadurunge iku durung tau ana walang samono akehe lan ing tembe iya bakal ora kelakon mangkono maneh.

15. Sarehne walang-walang mau mratani salumahe tanah kabeh, mulane nagarane dadi peteng; walange padha mangani saanane tetuwuhan lan pala-gumantung sisane udan es, sakehe wit-witan lan tanem-tuwuh ing satanah Mesir wus ora ana ijone sathithik-thithika.

16. Sang Prabu Pringon tumuli enggal-enggal nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Ingsun wus gawe dosa marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira lan marang sira.

17. Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”

18. Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta ndedonga marang Pangeran Yehuwah.

19. Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin saka keblat kang kosok-balen, yaiku angin kulon kang banter banget, iku nggawa mumbul walange kacemplungake ing sagara Teberau, nganti ora ana walang siji bae kang kari ana tlatahe tanah Mesir.

20. Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Israel padha lunga.

21. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana pepeteng kang nyrambahi tanah Mesir, nganti wong padha gagap-gagap ing sajroning peteng mau.”

22. Nabi Musa banjur ngathungake astane menyang ing langit, temah ana peteng ndhedhet ing satanah Mesir lawase telung dina.

23. Ora ana wong kang bisa ndeleng kancane, lan ora ana kang bisa mingsed saka panggonane sajroning telung dina mau; mung sakehe wong Israel padha tetep kapadhangan ana ing papan panggonane.

24. Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa sarta ngandika: “Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangeran Yehuwah, mung wedhusira lan sapinira aja sira gawa, anak-anakira kang isih cilik-cilik klilan melu.”

maca bab lengkap Pangentasan 10