Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 1:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.

12. Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.

13. Wong Mesir anggone ngetrapi pagawean marang wong Israel banjur kanthi daksiya,

14. uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.

15. Sang Raja ing Mesir uga dhawuh marang bidhan-bidhan kang nulungi wong wadon Ibrani, kang siji jenenge Sifra sijine Pua, pangandikane:

16. “Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”

17. Nanging bidhan-bidhan mau wedi marang Gusti Allah, mulane ora ngestokake dhawuhe Sang Raja ing Mesir, dadi bayi-bayine kang lanang iya padha diuripi.

18. Sang Raja ing Mesir banjur nimbali bidhan-bidhan mau sarta padha didangu: “Yagene sira tumindak mangkono, isih nguripi bayi-bayi iku?”

19. Unjuke bidhan-bidhan iku marang Sang Prabu Pringon: “Kauningana, tiyang estri Ibrani punika boten sami kaliyan tiyang estri Mesir, sami kiyat-kiyat; saderengipun bidhan dhateng, bayi sampun lair.”

20. Marga saka iku Gusti Allah banjur paring kamirahan marang bidhan-bidhan mau, dene bangsa iku saya wuwuh akeh maneh nganti tikel-matikel.

21. Sarehne bidhan-bidhan iku padha ngabekti marang Gusti Allah, mulane padha dilestarekake turune.

22. Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”

maca bab lengkap Pangentasan 1