Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 8:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Tanah kang sugih gandum lan sair, wit anggur, wit anjir sarta wit delima; nagara kang ana wite jaitun lan ana madune,

9. nagara kang ora kekurangan pangan, lan kowe ora bakal padha kekurangan apa-apa; nagara kang watune ngandhut wesi lan saka ing gununge kowe bakal ndhudhuk tembaga.

10. Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.

11. Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;

12. lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg, supaya banjur padha gawe omah kang becik kang padha kokenggoni,

13. sarta samangsa sapi lan wedhusmu wus padha ngambra-ambra, apadene emas lan salakamu wus mundhak akeh, iya sabarang darbekmu saya wuwuh-wuwuh,

14. atimu aja nganti gumunggung, temah lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan;

15. tuwin kang wus ngirid lakumu ngliwati pasamunan kang amba lan nggegirisi, panggonan ula mandi lan kalajengking, kang tanahe garing tanpa banyu. Panjenengane kang damel metune banyu saka ing gunung parang kang atos kanggo kowe;

16. kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.

17. Mulane kowe aja nganti padha duwe osik ing atimu: Pangwasaku lan karosanku kang njalari aku oleh kasugihan iki.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 8