Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 8:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Kang iku padha netepana pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumakua ana ing dalan kang ditedahake sarta wedi-asiha marang Panjenengane;

7. awitdene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ngirid kowe lumebu ing nagara kang becik, nagara kang ana kaline, ana sendhange, kang mili saka ing lebak-lebak lan saka ing gunung-gunung.

8. Tanah kang sugih gandum lan sair, wit anggur, wit anjir sarta wit delima; nagara kang ana wite jaitun lan ana madune,

9. nagara kang ora kekurangan pangan, lan kowe ora bakal padha kekurangan apa-apa; nagara kang watune ngandhut wesi lan saka ing gununge kowe bakal ndhudhuk tembaga.

10. Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.

11. Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;

maca bab lengkap Pangandharing Toret 8