Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 8:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. “Sakehe pepakon, kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha lestari urip lan tangkar-tumangkar, sarta padha bisa lumebu sarta ngejegi nagara kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu.

2. Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.

3. Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.

4. Sandhanganmu ora dadi lawas, lan sikilmu ora nganti abuh ing sajrone patang puluh taun iki.

5. Mulane kowe mangretia kang temenan, yen Sang Yehuwah, Gusti Allahmu anggone mulang marang kowe kaya pamulange wong tuwa marang anake.

6. Kang iku padha netepana pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumakua ana ing dalan kang ditedahake sarta wedi-asiha marang Panjenengane;

7. awitdene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ngirid kowe lumebu ing nagara kang becik, nagara kang ana kaline, ana sendhange, kang mili saka ing lebak-lebak lan saka ing gunung-gunung.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 8