Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 5:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, wus damel prasetyan karo kita ana ing gunung Horeb;

3. ora karo para leluhur kita anggone Sang Yehuwah damel prasetyan iku, nanging karo kita, iya kita, kang ana ing kene ing dina iki, kita kabeh kang isih padha urip.

4. Pangeran Yehuwah wus ngandikani kowe kalawan aben-ajeng saka satengahing geni ana ing gunung,

5. -- nalika iku aku kang ana ing antarane Sang Yehuwah karo kowe, prelu nglantarake dhawuh pangandikane Sang Yehuwah marang kowe, marga kowe padha wedi marang genine lan kowe ora munggah ing gunung --, pangandikane mangkene:

6. Ingsun iku Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.

7. Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.

8. Sira aja gawe reca kang awujud apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi.

9. Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;

10. nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.

11. Sira aja nyebut marang asmane Pangeran Yehuwah Allahira kalawan sawiyah-wiyah, awitdene Sang Yehuwah mesthi mastani luput saben wong kang nyebut asmane kalawan sawiyah-wiyah.

12. Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.

13. Nem dina sira nyambuta gawe sarta nglakonana sapagaweanira kabeh,

14. nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Allahira; mulane sira aja nyambutgawe, iya sira, iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan sapinira utawa kuldinira sarta sadhengah kewanira, utawa bangsa liya kang ana ing sajroning wewengkonira, supaya baturira lanang lan wadon iya bisaa ngaso kaya sira.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 5