Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 5:10-25 Kitab Sutji (JAV)

10. nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.

11. Sira aja nyebut marang asmane Pangeran Yehuwah Allahira kalawan sawiyah-wiyah, awitdene Sang Yehuwah mesthi mastani luput saben wong kang nyebut asmane kalawan sawiyah-wiyah.

12. Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.

13. Nem dina sira nyambuta gawe sarta nglakonana sapagaweanira kabeh,

14. nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Allahira; mulane sira aja nyambutgawe, iya sira, iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan sapinira utawa kuldinira sarta sadhengah kewanira, utawa bangsa liya kang ana ing sajroning wewengkonira, supaya baturira lanang lan wadon iya bisaa ngaso kaya sira.

15. Sabab sira elinga, yen ing biyen sira iya dadi batur ana ing tanah Mesir sarta Pangeran Yehuwah, Allahira, wus ngentasake sira saka ing kono kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake; mulane Pangeran Yehuwah, Allahira, dhawuh marang sira supaya ngriyayake dina Sabat.

16. Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.

17. Sira aja memateni.

18. Sira aja laku bedhang.

19. Sira aja nyenyolong.

20. Sira aja nglairake paseksi goroh tumrap pepadhanira.

21. Sira aja melik bojone pepadhanira, sira aja melik omahe pepadhanira, utawa pategalane lan bature lanang utawa wadon, sapine utawa kuldine, lan sadhengah apa bae kang dadi duweke pepadhanira.

22. Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”

23. “Nalika kowe padha krungu swara iku saka ing satengahe pepeteng kang ndhedhet, mangka gununge murub, kowe yaiku, para sakehe pemimpining talermu lan para tuwa-tuwamu padha nyedhaki aku,

24. sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.

25. Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 5