Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.

7. Awit ngendi ana bangsa gedhe kang allahe cedhak kaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita samangsa kita sambati.

8. Lan ngendi ana bangsa gedhe kang duwe katetepan lan pranatan kang adile kaya angger-angger iku kabeh kang dakgelarake ana ing ngarepmu ing dina iki?

9. Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.

10. Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.

11. Ing kono kowe banjur padha nyedhak sarta ngadeg ana ing ngisore sikile gunung, mangka gununge murub lan genine nganti sundhul ing langit ing sajroning peteng ndhedhet.

12. Pangeran Yehuwah tumuli mangandikani kowe saka ing satengahe geni, kowe padha krungu swaraning pangandika, nanging ora ndeleng rerupan, mung swara.

13. Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4