Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. nanging kowe kang padha rumaket marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, isih padha lestari urip nganti tekan ing dina iki.

5. Elinga, kowe wus padha dakwarah bab katetepan lan pranatan kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, marang aku, supaya padha nglakoni ana ing nagara kang kokparani lan kang bakal kokejegi.

6. Mulane iku padha lakonana kalawan setya, awitdene iku kang bakal dadi kawicaksananmu lan kaluwihaning budimu ana ing ngarepe para bangsa, kang samangsa krungu sakehe katetepan iku, bakal celathu: Bangsa gelengan gedhe iki pancen bangsa kang wicaksana lan limpad ing budi.

7. Awit ngendi ana bangsa gedhe kang allahe cedhak kaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita samangsa kita sambati.

8. Lan ngendi ana bangsa gedhe kang duwe katetepan lan pranatan kang adile kaya angger-angger iku kabeh kang dakgelarake ana ing ngarepmu ing dina iki?

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4