Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:37-49 Kitab Sutji (JAV)

37. Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir srana kakiyatan kang linuwih;

38. sarta nundhungi bangsa-bangsa kang cacahe lan pangwasane ngungkuli kowe saka ing ngarepmu, lan kowe diirid lumebu menyang ing nagarane lan maringake nagara iku marang kowe dadia tanah-pusakamu, kaya kang kelakon ing dina iki.

39. Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.

40. Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”

41. Nabi Musa tumuli miyambakake kutha telu ing sabrange bengawan Yarden kang sisih wetan,

42. supaya wong kang mateni pepadhane tanpa kajarag lan iya ora marga disengiti ing sadurunge, bisa ngungsi mrono, temah manawa ngungsi menyang ing salah sijine kutha iku, bisa lestari urip.

43. Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.

44. Iki angger-angger Toret kang digelarake dening Nabi Musa marang wong Israel.

45. Iki pepeling lan katetepan sarta pranatan kang diparingake dening Nabi Musa marang wong Israel nalika padha lumaku metu saka ing tanah Mesir;

46. ing sabrange bengawan Yarden, ing lebak ing sangarepe Bet-Peor, ana ing nagarane Prabu Sihon, ratune wong Amori kang akedhaton ana ing Hesybon, kang dikalahake dening Nabi Musa lan wong Israel nalika wus padha metu saka ing tanah Mesir;

47. tanahe banjur diejegi, mangkono uga nagarane Prabu Og, ratu ing Basan, karo-karone ratune wong Amori ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan.

48. Wiwit saka ing Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon tekan ing gunung Siryon, yaiku gunung Hermon,

49. dalah ing saindenge tanah warata ing sabrange bengawan Yarden, ing sisih wetan nganti tekan ing tlagane sagara Araba, ing sikile gunung Pisga. edit 1: fajar 13.12.01

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4