Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:27-40 Kitab Sutji (JAV)

27. Pangeran Yehuwah bakal ndadekake kowe pating slebar ana ing antarane para bangsa, lan cacahmu mung sathithik ana ing antarane para bangsa, kang dadi tujuane anggonmu bakal padha kasingkirake dening Sang Yehuwah.

28. Ana ing kana kowe bakal padha nyembah allah gaweane manungsa, arupa kayu lan watu, kang ora bisa ndeleng utawa krungu, ora bisa mangan utawa ngambu.

29. Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.

30. Samangsa ing tembe kowe karubedan lan kataman samubarang iku mau, kowe banjur bakal mbaleni Pangeran Yehuwah, Gusti Allahu, sarta ngestokake dhawuhe.

31. Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.

32. Amarga coba takok-takokna, wiwit ing poncoting langit nganti tekan ing poncoting langit, bab jaman kang kapungkur sadurunge kowe ana, wiwit ing dinane Gusti Allah nitahake manungsa ana ing bumi, apa tau kelakon bab kang samono gedhene iku, utawa apa tau kaprungu prakara kang kaya mangkono iku.

33. Apa tau ana bangsa kang krungu swarane Gusti Allah ngandika saka satengahing geni, kaya anggonmu wus krungu iku, mangka bisa lestari urip.

34. Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?

35. Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.

36. Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.

37. Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir srana kakiyatan kang linuwih;

38. sarta nundhungi bangsa-bangsa kang cacahe lan pangwasane ngungkuli kowe saka ing ngarepmu, lan kowe diirid lumebu menyang ing nagarane lan maringake nagara iku marang kowe dadia tanah-pusakamu, kaya kang kelakon ing dina iki.

39. Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.

40. Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4