Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. “Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.

2. Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.

3. Mripatmu dhewe wus padha ndeleng apa kang ditandukake dening Sang Yehuwah tumrap Baal-Peor; awitdene saben wong kang manut marang Baal-Peor iku wus ditumpes kasirnakake saka ing tengahmu dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;

4. nanging kowe kang padha rumaket marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, isih padha lestari urip nganti tekan ing dina iki.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 4