Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 32:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. “Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan,lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.

2. Piwulangku muga tumetes kaya udan,tembungku tetesa kaya ebun,kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi,kaya udan deres nibani tetuwuhan.

3. Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake:Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,

4. Gunung Parang, kang sampurna pakaryane,jejeg sakehe margine;marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane,Panjenengane iku bener lan adil.

5. Wong-wong kang wus padha ora dadi putrane maneh,kang padha dadi blentong,golongan kang nasar lan plinthat-plinthut,iku padha nandukake kanisthan marang Panjenengane.

6. He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi,apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah?Iku rak Ramamu kang nitahake kowe,kang nganakake lan kang nguwatake kowe.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 32