Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 31:6-22 Kitab Sutji (JAV)

6. Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”

7. Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.

8. Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”

9. Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;

10. nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;

11. samangsa wong Israel kabeh padha nglumpuk seba ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal pinilih dening Panjenengane, nuli kowe macaa angger-anggere Toret iki ana ing ngarepe wong Israel kabeh.

12. Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.

13. Dalah para anak-putune kang ora nyumurupi, iya padha bisaa krungu lan nyinau wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, salawase urip ana ing tanah kang lagi kokparani, kalawan nyabrang bengawan Yarden, lan kang bakal kokenggoni.”

14. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.

15. Pangeran Yehuwah banjur ngatingal ana ing jero tarub, ing jero tugu mega, tugune tumuli ngadeg ana ing lawanging tarub.

16. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku.

17. Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?

18. Nanging ing wektu iku Ingsun bakal ndhelikake wadananingSun babar pisan, marga saka sakehe piala kang wus dilakoni, yaiku anggone padha manut marang allah liyane.

19. Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.

20. Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.

21. Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.”

22. Nabi Musa tumuli nyerati kidung iku sarta banjur diwulangake marang wong Israel.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 31