Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 31:20-30 Kitab Sutji (JAV)

20. Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.

21. Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.”

22. Nabi Musa tumuli nyerati kidung iku sarta banjur diwulangake marang wong Israel.

23. Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”

24. Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone nyerati pangandikane angger-anggere Toret iku ana ing kitab nganti satamate,

25. banjur dhawuh marang para wong Lewi kang padha ngusung pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, pangandikane:

26. “Kitab Toret iki tampanana lan selehna sandhing pethining prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya anane ing kono iku dadia paseksi tumrap kowe.

27. Awitdene aku ngerti marang wangkote atimu lan kakune githokmu. Salagine aku isih urip ana ing tengahmu bae, kowe wus padha ngatonake wangkotmu marang Sang Yehuwah, mendahane maneh yen aku wus ngajal.

28. Padha klumpukna sakehe para tuwa-tuwane talermu lan para tetindhihing wadya-balamu, aku arep nglairake apa kang bakal dakkandhakake mengko, kalawan ngundang langit lan bumi, supaya dadi seksi.

29. Marga aku ngerti, besuk sangajalku, kowe bakal padha tumindak rusuh, lan bakal nyleweng saka ing dalan kang wus dakprentahake marang kowe; mulane ing tembe kowe bakal padha katempuh ing bilai, manawa kowe padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, lan gawe gerahe panggalihe awit saka gegaweane tanganmu.”

30. Nabi Musa banjur nglairake kidung iki ing sapangrungune wong Israel sapasamuwan kabeh nganti satamate.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 31