Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 30:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngirid kowe lumebu menyang nagara kang wus dadi duweke leluhurmu, nuli kowe kang bakal ndarbeni. Kowe bakal diparingi kadarman lan kadadekake tangkar-tumangkar nganti ngungkuli para leluhurmu mau.

6. Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.

7. Dene sakehe sumpah iku mau bakal didhawahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang mungsuhmu lan marang para kang nyengiti kowe, kang wus padha ngoyak-oyak marang kowe.

8. Anadene kowe bakal ngestokake dhawuhe Sang Yehuwah, maneh sarta nglakoni sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.

9. Ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngluberake kadarmane marang kowe tumrap sabarang kang koklakoni, iya kang arupa wohing wetenganmu, lan wohing raja-kayamu sarta pametuning palemahanmu; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal karenan ing galih marang kowe maneh marga saka kabegjanmu, kaya biyen anggone karenan ing galih marang para leluhurmu.

10. Iku manawa kowe ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanthi netepi pepaken lan katetepane kang padha katulisan ana ing kitab Toret iki, sarta manawa kowe mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”

11. “Awitdene pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, iku ora kaboten tumrap kowe lan iya ora kadohen,

12. ora ana ing langit, samungguh mangkonoa kowe mesthi ngucap: Sapa kang bakal munggah menyang ing langit njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?

13. Lan iya ora ana ing sabrange sagara, saupama mangkonoa pangucapmu mesthi mangkene: Sapa kang bakal nyabrang menyang ing sabrange sagara, njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?

14. Nanging pangandika iku cedhak banget karo kowe, yaiku ana ing cangkemmu lan ing atimu, supaya katindakake!

15. Elinga, ing dina iki aku wus nggelarake bab urip lan karahayon, bab pati lan kasangsaran,

maca bab lengkap Pangandharing Toret 30