Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 3:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja wedi karo wong iku, marga iku bakal Sunulungake marang tanganira, dalah wadya-balane kabeh apadene nagarane, sira tandukana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon, ratune bangsa Amori kang manggon ing Hesybon.

3. Anadene Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, tumuli iya ngulungake Prabu Og, ratu ing Basan marang tangan kita dalah sabalane kabeh, temahan padha kita sorake, nganti wonge ora ana siji-sijia kang bisa oncat.

4. Ing nalika iku sakehe kutha-kuthane banjur kita rebut, ora ana siji-sijia kang kari, cacahe kutha sawidak; satlatahe tanah Argob kabeh, karajane Prabu Og ing Basan.

5. Kutha iku kabeh santosa mawa balowarti dhuwur, lan gapurane nganggo slarak, kajaba iku isih ana kutha pirang-pirang kang tanpa balowarti.

6. Kabeh kang manggon tumuli padha kita bengkas, kaya kang wus kita tandukake marang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; wong isine saben kutha padha kita tumpes kabeh, iya wong lanang iya wong wadon dalah bocah-bocahe;

7. nanging raja-kayane kabeh lan jarahan saka kutha-kutha mau padha kita rampas kanggo kita dhewe.

8. Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;

9. -- Hermon iku dening wong Sidon diarani Siryon, dene bangsa Amori ngarani Senir --,

10. sakehe kutha ing tanah warata kang dhuwur, tlatahe Gilead sarta satanah Basan kabeh, tekan ing Salkha lan Edrei, kutha-kuthaning karajane Prabu Og ing Basan.

11. Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”

12. “Anadene nagara iku nalika samana wus padha kita ejegi, wiwit saka Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon, nganti tekan saparone pagunungan Gilead dalasan kutha-kuthane, iku banjur dakwenehake marang bani Ruben lan bani Gad;

13. Kekarene tanah Gilead lan satanah Basan kabeh, tilas karajane Prabu Og, yaiku tlatahe tanah Argob kabeh, iku dakwenehake marang saparone taler Manasye. -- Tanah Basan iku kabeh diarani nagarane wong Refaim --.

14. Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 3