Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 27:11-25 Kitab Sutji (JAV)

11. Ing dina iku Nabi Musa dhawuh marang bangsa iku, pangandikane:

12. “Samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, kang kudu ngadeg ana ing gunung Gerizim prelu mberkahi bangsa iku, yaiku suku Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Yusuf lan Benyamin.

13. Dene kang kudu ngadeg ana ing gunung Ebal prelu ngipat-ipati yaiku suku Ruben, Gad, Asyer, Zebulun, Dhan lan Naftali.

14. Para wong Lewi banjur wiwita mituturi marang wong Israel kabeh kalawan swara kang seru:

15. Kenaa ing laknat wong kang gawe reca ukir-ukiran utawa cor-coran, gegaweane tukang, kang dadi jejember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta kang diprenahake ana ing panggonan kang ndhelik. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

16. Kenaa ing laknat wong kang ngremahake marang bapa biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

17. Kenaa ing laknat wong kang ngelih pathok watesing lemahe pepadhane. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

18. Kenaa ing laknat wong kang nasarake wong wuta ana ing dalan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

19. Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!

20. Kenaa ing laknat wong kang awor turu karo somahe bapakne, marga ngungkapi jarite bapakne. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

21. Kenaa ing laknat wong kang laku jina karo sadhengah kewan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

22. Kenaa ing laknat wong kang nunggal turu karo sadulure wadon, anake bapakne utawa anake biyunge. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura: Amin!

23. Kenaa ing laknat wong kang nunggal turu karo embokne maratuwa. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

24. Kenaa ing laknat wong kang mateni ana ing pasingidan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

25. Kenaa ing laknat wong kang nampani opah supaya mateni wong kang tanpa kaluputan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!

maca bab lengkap Pangandharing Toret 27