Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 24:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Kowe ngentenana ana ing jaba bae, nuli wong kang koksilihi iku ngetokna barang cekelane ana ing ngarepmu.

12. Saupama iku wong miskin barang cekelane aja kokanggo turu;

13. ing wayah suruping srengenge barang cekelan mau balekna marang kang duwe, supaya iku turu kalawan kemulan jubahe dhewe, sarta andum berkah marang kowe. Patrap mangkono iku bakal kaetung dadi kabeneranmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

14. Kowe aja nindhes marang buruh dinan kang mlarat lan nandhang sangsara, dadia iku sadulurmu utawa bangsa liya kang ana ing nagaramu lan ing sajroning panggonanmu.

15. Ing dina iku uga sadurunge srengenge surup, buruhane dinan kawenehna, awit wong iku mlarat lan mesthi ngarep-arep opahane; supaya wong iku aja nganti sesambat marang Sang Yehuwah bab kowe, temah iku dadi dosa tumrap kowe.

16. Aja nganti ana bapa kang diukum pati marga saka anake, lan uga aja nganti ana anak kang diukum pati marga saka bapakne; saben wong kaukuma pati mung marga saka dosane dhewe.

17. Kowe aja nyahak wewenange wong bangsa liya lan bocah lola; lan aja nggadhe sandhangane randha.

18. Elinga yen ing biyen kowe uga dadi batur ana ing tanah Mesir, mangka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang ngluwari kowe saka ing kono; mulane kowe dakkon nglakoni prakara iku.

19. Samangsa kowe wus ngeneni pategalanmu, mangka ana bentelan siji kang kari ana ing pategalan, kowe aja mbaleni njupuk, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha, supaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahana kowe ing sapagaweanmu kabeh.

20. Samangsa kowe ngundhuhi witmu jaitun sarana kokgepyoki, aja ngasagi ing pang-pange maneh; iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha.

21. Samangsa kowe nglumpukake pametune pakebonanmu anggur, aja ngasagi kekarene, iku dadia bageane wong neneka lan bocah lola sarta randha.

22. Elinga yen ing biyen kowe uga padha dadi batur ana ing tanah Mesir, mulane kowe dakkon nglakoni prakara iku.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 24