Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 24:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. “Manawa ana wong njupuk wong wadon sarta wus dadi bojone, mangka sawuse iku wong wadon mau ora ndadekake senenging atine maneh, sabab kabukten ana tindake kang ora pantes, wong mau banjur nulisa layang pegat lan diwenehna marang wong wadon iku, nuli dilungakna saka ing omahe.

2. Anadene samangsa wus kelakon lunga saka ing omahe, banjur diepek somah dening wong liya,

3. mangka bojone kang kari iku iya ngemohi, banjur iya digawekake layang pegat lan dipasrahake marang wong wadon mau, tumuli dilungakake saka ing omahe, utawa manawa bojone kang kari kang ngepek wong wadon mau mati,

4. ing kono bojone kang dhisik kang wus megat iku ora kena balen karo wong wadon iku, sawuse wong wadon iku kelakon dirusuhi; awitdene patrap mangkono iku dadi jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu iku aja kokdadekake nandhang dosa.

5. Manawa ana wong kang mentas bae rabi, iku aja bareng karo wadya-bala melu nglurug perang, lan iya aja diwenehi sadhengaha pagawean, sajrone setaun dibebasna kanggo kaperluaning omahe, supaya ndadekna senenge kang wadon kang wus dadi bojone.”

6. “Aja nggadhe piranti panggilingan, dadia mung watune kang kanggo tindhih, awit tindak mangkono iku dadi nggadhe nyawane wong.

7. Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

8. Diprayitna ing bab lelara saraat, dienggal tindakna sakehing piwulange para imam bani Lewi marang kowe; apa kang wus dakprentahake marang para imam, iku lakonana kanthi temen-temen.

9. Elinga apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang Mbakyu Miryam ana ing dedalan nalika kowe mentas saka ing tanah Mesir.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 24